Minggu, 02 September 2018

Ayo migunaake basa jawa



             

                                           Ayo migunaake basa jawa
                                                (dening:Elza dian siswanto)


          Ayo prakanca padha migunaake basa jawa dadi basa saben dina. Basa jawa iku basa sing numindakne unggah ungguh paling sopan. Ora kaya basa sing liya, basa jawa iki wae di bagi 4 unggah ungguh yaiku sing pertama basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Yen disawang wae saka runtutan e mau, wis ketok yen basa jawa iku pancen ndhuweni tata cara basa sing akeh lan apik.

          Tapi sakiki basa jawa awit ditinggalne, embuh perkara apa sing ndadeake akeh masyarakat sing wegah nggawe basa jawa. Contoh e wae ngene, sakiki ora jarang maneh sekolah-sekolah ing lemah jawa iki sing ngilangi pelajaran basa jawa, pelajaran basa jawa uga  diganti pelajaran liya kayata, tata boga utawa tata busana lan sapanunggalane. Apa sing nyebabake kaya ngunu mau? Apa basa asli budaya jawa iku ngisinke? Opo di anggep ora gaul?. Terus contoh liyane yaiku para kaluarga enom ing jaman sakiki. Para wong tua sakiki wis mbiasakne anggota kaluargane migunaake basa sakliyane basa jawa. Contoh e wae yaiku basa indonesia lan basa inggris. Wong wong mau mikir yen kaluargane padha nggawe basa indonesia utawa basa inggris dadi basa saben dinane di anggep gaul,modern. Oleh wae migunaake basa indonesia utawa basa inggris ing jaman globalisasi kaya sakiki. Tapi apa perlu nganti ninggalake basa asli suku jawa? Banjur kepriye kelestarian e basa jawa yen para generasi muda wae ora gelem migunaake basa jawa sing apik lan bener?. Yen ana sing migunaake basa jawa mesti basa sing ngoko lugu. Apa maneh basa ngoko lugu sing diisani para muda sakiki mau digawe bebasan marang wong sing luwih tua? Sing kudune dihormati lan diajeni? Apa sopan? Rasane ora pantes yen para wong  jawa ora ngerti basa ne dhewe. 

          Sakiki  tugas e para generasi mudha penerusing bangsa, ayo kita bareng bareng nglestarikne basa jawa sing wis awit ilang iki. Kita kudu ndhuweni rasa nasionalisme sing akeh kanggo budaya kita, khusus e budaya jawa. Mung bisa nggawe cara iki kita ngajeni perjuangane para pejuang sing wis ngorbanke jiwa ragane kanggo kita kabeh.

0 komentar:

Posting Komentar