Peteng
Dening: elza dian
siswanto
Titik titik iku bali
maneh dadi larik kang padhang njingglang
Dadi siji
Dadi larik kang siap
nggulingake donyaku
Ibarat pecut e para koloni landa
Kejem? Malah isa luwih 10x lipat saka tembung sing diarani
kejem
Lara,
tangis,sedhih
Luh
mbrebes mili saka mripatku
Apa
maneh tembung bungah,
Nyebarne
secentimeterlambe ku wae aku ora bisa
Banjur
nganti kapan?
Aku
mung bisa takon,
Pitakon
sing ora bakalana wangsulane
Mung
angen,
Mung
misteri,
Apa
mung dadi mitos?
Terus
wae atiku rasane ambyar
Duh gusti, napa kula saget?
Napakula saget nglampahi kahanan ingkang kados mekaten?
Kula ngertos
Kula mangertos menawi katresnan lan asihe panjenengan
Mboten bakal wonten rampunge marang kula
Nanging kula inggih mangertos gusti,
Kula namung cah wadon sing ringkih
Sing sagete namung ngresula kalih nyuwun pikantuk mawon
Manungsa
napa kula niki Gusti?
Manungsa
kang kebeg dosa
Nyuwun
pangapunten, Gusti
Ya
Allah Yaa Rabb
Kula
nyuwun agunging samudra pangaksami
Wangsulan
dening : Elza Dian Siswanto
Siji tambah siji loro
Loro tambah sanga sepuluh
Ibarat langit karo bumi
Ibarat wong kerdil karo tembok beton
Isine mung beda
Isine mung saru
Akusing
dudu sapasapa
Apamaneh
ndhuweni gedhung sing dhuwur dhuwur kae,
Mikir
sesok madhang apa ae aku isih bingung
Apamaneh
kok sandhingne sliramu
Sacuil
o ae aku ora ana apa apane
Apa aku isih pantes?
Nyandhingjejer marang sliramu
Dadi panglebur sukacitamu
Saben awan saben wengi
Mung sliramu sing dak pikir
Nganti kapan aku dadi wong sing ora ndue isin?
Nanging, apa sliramu yo ngrasaake apa sing dak rasaake
Apa asline sliramu yo isin karo kahanan ku iki
Nanging
aku uga isin pingin sateruse marang sliramu
Nganti
aku lan sliramu bareng bareng dadi wong sukses
Sakiki
aku ngerti apa wangsulane angenku,
Aku
bakal terus nyandhing sliramu
Tanpa
ndeleng sapa aku sapa kowe
Mugiya kita tetep kaya mengkene
Nganti sateruse
Mugiya tetep dadi sahabat
Mugiya tetep dadi sadulur
Nganti teka mangsa peteng e bebrayan ing donya iki
Tikus Nagari
dening : Elza Dian Siswanto
Umpamane iwak awakmu dadi ri
Umpamane pit motor awakmu dadi keluk e
Umpamane panganan awakmu dadi ampase
Ura cukup kuwi mestine ngibaratne,
Manungsa sing tega,
Tega ngapusi rakyat
Janjine
kae arep amkmurke rakyat,
Nanging
apakasunyatane?
Nambah
mlaratake rakyat to?
Kuwi
sing diarani pemimpin?
Sing isane mung koar koar ning son gedhe kae,
Sing isane ndhangak mendhuwur,
Nyunggi kasombongan
Dhelengen
rakyatmu kae, pak, buk !
Sing
isih arang ngrasakne wareg
Sing
isih arang ngrasakne sekolah
Sing
ora sakitik sing mati gara gara
Ora
bisa ngempet luwe saking suwine
Arta sing kudune gawe dheweke
Malah kok gawe seneng seneng
Nuruti kabeh napsumu
Panjalukku
mung siji,sadar!
Kabeh
kabungahan ing donya iki mung apus apus
Kudu
isa ngempet napsu
Ana
wong sing luwih angel saka kita
Rakyatmu
ra butuh janji!
Nanging butuh bukti
0 komentar:
Posting Komentar